Monday, March 30, 2015

Lagu Jawa: Kelayung-layung, Kereto Jowo dan Turi-turi Putih


Lirik Kereto Jowo

Ana tangis kelayung-layung
Tangise wong kang wedi mati
Gedhongana kuncenana
Yen wis mati mangsa wurunga

Ditumpakne kereta Jawa
Rodane roda manungsa
Ditutupi ambyang-ambyang
Disirami banyune kembang

(2x)

Duh Gusti Allah
Kula nyuwun pangapura
Ning sayange wis ora ana guna

Ditumpakne kereta Jawa
Rodane roda manungsa
Ditutupi ambyang-ambyang
Disirami banyune kembang

Duh Gusti Allah
Kula nyuwun pangapura
Ning sayange wis ora ana guna

Ditumpakne kereta Jawa
Rodane roda manungsa
Ditutupi ambyang-ambyang
Disirami banyune kembang

Download Kelayung-Layung – Kereto Jowo

***
Eling-eling siro manungso wong urip bakale mati
Ayo podo dadi wong bhekti maring Gusti Kang moho suci
Mumpung durung katekanan malaekat juru pati
Gole tekan embuh kapan kito menungso ra bakal ngerti

Moloekat juru pati lirak lirik marang siro
Nggone nglirik angenteni dawuhe kang moho suci
Tumrap kanggo kabeh menungso gelem ra gelem bakal di gowo
Di enggoni sandangan putih yen wis budal ra biso mulih.

Tumpakane kereto jowo roda papat rupo manungso
Jujugane omah guwo tanpo bantal tanpo kloso
Omahe ra ono lawange turu ijen ra ono kancane
Di tutupi anjang- anjang diurug lan di siram kembang
Wong sing layat podo nelongso podo eling Podo rumongso
Ayo podo eling marang Gusti urip neng dunyo mesti mati...

***

No comments:

Post a Comment

Silakan beri komentar Anda. No Spam No Ads. Thanks.