Tembung falsafah utawi filsafat ing basa Jawi punika dipunpendhet saking basa Arab فلسة. Nah tembung Arab punika kapendhet saking basa Yunani; Φιλοσοφία philosophia. Ing basa Yunani, tembung punika inggih tembung majemuk saking tembung-tembung (philia = pamitran, kasih) kaliyan (sophia = "kawicaksanan"). Dados tegesipun punika “tiyang ingkang remen kawicaksanan" utawi “ngèlmu”. Tembung filosofi ingkang kapendhet saking basa Walandi
uga dipuntenpangi ing Tanah Jawi. Bentuk pungkasan punika langkung
mèmper bentuk aslinipun. Ing basa Jawi satunggiling tiyang ingkang sinau
widhang falsafah dipunwastani "filsuf".
Definisi
tembung filsafat ugi saged dipunwastani satunggiling problema falsafi.
Ananging saged wicanten menawi “falsafah” punika kinten-kintenipun
inggih studi tegesipun saha panrapan kapitadhosan manungsa ing bagéyan
langkung dhasar kaliyan umum piyambak. Studi punika dipunlampahaken
mboten mawi eksperimen-eksperimen, anging mawi mangutarakan problèma
mawi cara ingkang presis kaliyan awèh solusi. Lajeng nyukani argumèntasi
ingkang leres kanggé solusi punika saha pungkasanipun prosès-prosès wau
sedaya dipunlebetaken ing salebeting dhialèktika. Dhialèktika punika cekakipun inggih satunggiling wujud dialog.
Logika punika ugi ngèmu bagéyan ingkang ugi dipuntliti matématika
kaliyan filsafat. Bab punika dados nuduhaken menawi filasafat punika
satunggiling ngèlmu ingkang saged dipunwastani ugi gadhah sisi-sisi
eksakta, mboten kados punapa ingkang dipunraos tiyang kathah.
Kapundhut saking wikipedia
No comments:
Post a Comment
Silakan beri komentar Anda. No Spam No Ads. Thanks.