Sunday, September 30, 2012

Pengertian Filsafat (Bahasa Jawa)

Tembung falsafah utawi filsafat ing basa Jawi punika dipunpendhet saking basa Arab فلسة. Nah tembung Arab punika kapendhet saking basa Yunani; Φιλοσοφία philosophia. Ing basa Yunani, tembung punika inggih tembung majemuk saking tembung-tembung (philia = pamitran, kasih) kaliyan (sophia = "kawicaksanan"). Dados tegesipun punika “tiyang ingkang remen kawicaksanan" utawi “ngèlmu”. Tembung filosofi ingkang kapendhet saking basa Walandi uga dipuntenpangi ing Tanah Jawi. Bentuk pungkasan punika langkung mèmper bentuk aslinipun. Ing basa Jawi satunggiling tiyang ingkang sinau widhang falsafah dipunwastani "filsuf".

Definisi tembung filsafat ugi saged dipunwastani satunggiling problema falsafi. Ananging saged wicanten menawi “falsafah” punika kinten-kintenipun inggih studi tegesipun saha panrapan kapitadhosan manungsa ing bagéyan langkung dhasar kaliyan umum piyambak. Studi punika dipunlampahaken mboten mawi eksperimen-eksperimen, anging mawi mangutarakan problèma mawi cara ingkang presis kaliyan awèh solusi. Lajeng nyukani argumèntasi ingkang leres kanggé solusi punika saha pungkasanipun prosès-prosès wau sedaya dipunlebetaken ing salebeting dhialèktika. Dhialèktika punika cekakipun inggih satunggiling wujud dialog.

Logika punika ugi ngèmu bagéyan ingkang ugi dipuntliti matématika kaliyan filsafat. Bab punika dados nuduhaken menawi filasafat punika satunggiling ngèlmu ingkang saged dipunwastani ugi gadhah sisi-sisi eksakta, mboten kados punapa ingkang dipunraos tiyang kathah.

Kapundhut saking wikipedia

No comments:

Post a Comment

Silakan beri komentar Anda. No Spam No Ads. Thanks.