Sunday, September 30, 2012

Guru, Digugu lan Ditiru

Edisi : Kamis, 06 Desember 2007 , Hal.C

Bonggan kang tan merlokena
mungguh ugering aurip
uripe lan tri prakara
wirya arta tri winasis
kalamun kongsi sepi
saka wilangan tetelu
telas tilasing janma
aji godhong jati aking
temah papa papariman
ngulandra

(Wedhatama, MN IV)

Sujarah sampuh paring bukti bilih ing Jawa punika punjering kautaman ngelmu para guru. Ing tlatah Jawa, wiwit jaman kuna, nglenggahaken guru dados padamelan ingkang luhur, sajajar padamelanipun para priyayi. Wiwit Abad 7 M, ing Jawa wonten Maha Guru ingkang kondhang kaloka, Jnanabadra. Ing kitab-kitab kakawin sampun kathah ingkang nyritakaken kawontenaning padhepokan-padhepokan ing tlatah Jawa. Dene jaman Majapahit wonten pamulangan ingkang mligi kangge pujangga, kados dene Mpu Prapanca lan Mpu Tantular.

Jaman Islam ugi mekaten, pondhok pesantren madeg wonten pundi-pundi papan. Nalika jaman penjajah, ugi madeg sekolah guru (kweekschool), utaminipun ing Surakarta (tahun 1852).

Wangsul dateng piwulang Dalem Mangkunagara IV tumrap bebrayan ingkang adhedasar tri prakara, wirya, arta lan winasis. Bab punika jumbuh kaliyan jaman samangke bilih kurikulum pamulangan ing Indonesia adhedasar tigang prakawis; keprigelan (skill), ngelmu (knowledge) lan ajining diri (personal capability).
 
Guru, sawijining pakaryan ingkang mulya lan pakaryan ingkang kinurmatan. Sampun sami uninga, bilih guru punika kedah digugu lan ditiru. Kangge mujudaken supados temen anggenipun digugu saha ditiru, saged paring tuladha, paring sedaya ngelmu kautaman lan ugi saged mujudaken tri prakara, wirya, arta lan winasis.
 
Ngengingi guru Basa Jawa wonten pinten-pinten bab ingkang sakbotenipun kedah dipun mangertosi. Ingkang nomer setunggal Basa Jawi kathah jinisipun, Basa Jawi kuna, Basa Jawi tengahan, Basa Jawi klasik, Basa Jawi gagrak anyar lan Basa Jawi modheren. Ing saben-saben jinising basa Jawi punika ngemot pinten-pinten sistem tanda (sign), endahing basa (style), undha-usuk lan sanesipun. Pramila guru Bahasa Jawi, saenipun mangertos babagan ngelmu basa (linguistik).

Kaping kalihipun, karya sastra Jawi wiwit jaman kuna dumugi jaman modheren ugi kathah jinisipun wonten kakawin, kidung, macapat, geguritan, novel, cerkak, cerbung lan sanesipun. Ingkang sedaya karya sastra punika ngemot pinten-pinten pitutur ingkang utama. Pramila guru Basa Jawi sakbotenipun ugi kedah mangertosi babagan ngelmu utawi pitutur ingkang wonten ing salebeting karya sastra Jawi punika.

Ingkang pungkasan, kabudayan Jawi punika jembar kalanganipun, panjang pocapanipun, punjung kawibawanipun. Budaya Jawi sumebar ing tlatah Nuswantara ugi manca negara. Budaya Jawi kathah ingkang sinandi, ingkang boten saben tiyang mangertosi maknanipun. Tuladhanipun, wonten unen-unen ”alon-alon waton kelakon”. Kathah tiyang Jawi ingkang maknani ”alon-alon sing penting kelakon, ora usah ngaya”. Sayektosipun tegesipun ”alon-alon” punika ngati-ati, ”waton” punika anggadhahi dhasar, lan ”kelakon” punika mujudaken ngantos kelakon (boten namung nglakoni, ananging nganti kelakon).

Pramila guru Basa Jawi ugi kedah mangertos babagan sedaya budaya Jawi, wiwit saking seratan Jawi, tata cara dapat, petungan-petungan taun, wulan, padintenan, tata krama, artefak, sosiofak, mantyfak lan sanesipun ingkang mujudaken sedaya budaya Jawi.

Ringkesipun para guru Basa Jawi, kajawi mangertos babagan ngelmu ”pendidikan”, sakbotenipun ugi anggadhahi pangertosan babagan ngelmu basa (linguistik), ngelmu sastra lan ngelmu budaya Jawi. Saengga saged kangge sangu mulang putra (mardi siwi). Ugi kangge mujudaken guru ingkang supados temen saged digugu lan ditiru, saged paring pitutur utama. Bab punika saged kangge nyingkiri ‘jangka’ jaman kalatidhanipun Ronggowarsito.

Mangkya darajating praja,
kawuryan wus sunyaruri
rurah pengrehing ukara
karana tanpa palupi
atilar silastuti
sujana sarjana kelu
kalulun kalatidha
tidhem tandhaning dumadi
hardayeng rat dene karoban rubeda

Sanajan jangka punika namung kados ramalan, ananging penget saking panjenenganipun pujangga Ronggowarsito punika saged kita ginakaken kangge mawas dhiri (instrospeksi dhiri). Bangsa kita taksih anggadhahi budaya lan tradisi kang luhur. Mangga kita uri-uri, kita sesarengan mbangun bangsa kanti ngluhuraken budaya. Kawiwitan saking sesarengan mulang para siswa supados saged anggadhahi wirya, arta lan winasis.

Dening: Marsono
Ketua Bidang Penalaran Ilmiah

Solopos.com

No comments:

Post a Comment

Silakan beri komentar Anda. No Spam No Ads. Thanks.